Saturday, March 22, 2014

Kangen Sliramu

Sak jeroning atik.........
Kroso sepi….
Kelingan marang sliramu
Duh wong ayu gegandulaning atiku
Sliramu tansah rerindu
Aku kangen……. Aku wis ra kuat
Kepengin petuk sliramu
Senajan sak kedeping netra
Aku pengin ketemu
Aku pengin nyawang soroting mripatmu
nyawang esemmu
Sing kebak tresno
Tapi arep piye maneh
Lelakon iki kudu dilakoni lan disyukuri
Sakuntoro wektu kudu pisah karo sliramu
Amargo iki kersaning gusti
Kanggo ngobati kangenku
Tak eling eling wektu nyanding sliramu
Dino dino kebak puspa
Kroso anyem lan tentrem
Monggo nyuwun karo gusti
Mugi mugi
Awak dewe sak keloron
Enggal enggal diparingi dalan
Urip bebarengen
Lan mbangun keluargo
Sing migunani kanggo agomo bongso lan negoro
Kebak suasono tresno
Ingkang sakinah mawadah warrohmah
Aamiiiin 

No comments:

Post a Comment